Contact Me


Follow My Twitter Klik Disini
Connect My Space Klik Disini

Materi Bahasa Jawa XI


MATERI KELAS XI


 RINGKASAN

1.  Nyemak Sambutan
Sambutan iku klebu jinis phidato. Yaiku njlentrehake idhe kanthi wujud tembung-tembung kang diucapake marang wong akeh. Pawongan kang menehi sambutan(pidhato) iku kudu bisa njlentrehake bab sing bakal diwenehake kanthi cetha. Kang mangkene ditindakake supaya wong kang ngrungoake bisa mudheng apa kang dadi isine sambutan

2.  Nyritakake Pengalaman Pribadi
Pengalaman iku mujudake guru kang migunani banget tumraping panguripane awake dhewe, sanadyan anakalane pengalaman mau minangka pengalaman kang ora nyenengake nanging kabeh mau mesthi duweni guna lan paedah.

3. Geguritan
Geguritan iku rinakit saka tembung-tembung kang nyawiji dadi ukara. Panganggone tembung ing geguritan iku lumrahe kanthi nggunakake basa kang endah. Iku ateges menawa rinakiting geguritan iku saka tembung-tembung pinilih. Geguritan cinipta saka rasa pangrasane manungsa. Rasa iku bisa seneng utawa sedhih.

4. Musyawarah
musyawarah iku ateges ngrembug sawijining perkara kanthi bebarengan kanggo golek mupakat. Ing masyarakat, sing jenenge musyawarh dudu barang kang aneh, amarga musyawarah kerep ditindakake dening RT, RW utawa saben-saben kalurahan.

5. Pidhato
ing pasamuan mesthi ana salah sijine pawongan kang kapatah sesorah (phidato). Pidhato tegese micara ing sangarepe wong ake kanthi wewaton sing gumathok. Nalika phidato, kabeh sikap lan solah bawa kudu trepsila lan kanthi basa sing bener.
Perangane phidato yaiku :
1. uluk salam
2.purwaka basa (pambuka)
    a. atur pakurmatan
    b. atur puja-puji
    c. atur panuwun
3. surasa basa (isi phidato)
4. wasana basa (panutup)
5. salam penutup

6. Maca Paragraf  Deduktif lan Induktif
miturut pernahe ukara baku lan ukara panerange, jinis paragraf iku kaperang dadi loro, yaiku paragraf deduktif lan induktif.
a.Paragraf deduktif
Paragraf deduktif yaitu jinis paragraf kang ukara bakune manggon ana wiwitan paragraf. Banjur disusul knthi andharan-andharan kang komplit kanggo ngganepi ukara pokoke. (ukara panerang)
b.Paragraf induktif
paragraf induktif yaiku jinis paragraf kang ukara bakune manggon ana ing akhir paragraf. Sepisanan ditulia fakta/kenyataan sing tinemu, banjur saka kanyataan kasebut digeneralisasekake dadi sawijining ukar, sing dijenengake ukara baku.

7. Tembung Macapat
Tembung macapat yaiku susastra jawa kang kaiket dening paugeran-paugeran tartamtu kayata guru gatar(cacahing larik saben sapada). Guru wilangan (cacahing wanda saben sagatra), lan guru gatra (tibaning swara a, i, u, o ing saben pungkasaning gatra).
Watak lan paugerane tembang nacapat.
a.pocung 4 gatra : 12-u;6-a;8-i;12-a
watake    : kendho tanpa greget saut
mathuke : kanggo crita kang sajak sakepenake, sembranan
b.maskumambang 4 gatra : 12-i;6-a;8-i;8-a
watake    : nelangsa keranta-ranta
mathuke : kanggo medharake rasa kang ngeres, nggereges, nelangsa keranta-ranta
c.gambuh 5 gatra : 7-u;10-u;12-i;8-u;8-o
watake    : rumaket, kulina,, wanuh, wani
mathuke : kanggo pitutur kang rada seneng marga wis kaduga 
d.megatruh 5 gatra : 12-u;8-i;8-u;8-i;8-o
watake    : sedhih, kingkin kaworan, nglokro
mathuke : kanggo medharake rasa getun karanta-ranta, memelas
e.mijil 6 gatra : 10-i;6-o;10-e;10-i;6-i;6-a
watake    : wedharing rasa
mathuke : kanggo crita isi pitutur
f.kinanthi 6 gatra : 8-u;8-i;8-a;8-i;8-a;8-i
watake    : seneng, asih, tresna
mathuke : kanggo medharake rasa gandrung
Lan sakliya-liyane.

8. Nulis Layang
wong sambung gunem (komunikasi) bisa kanthi lisan uga bisa kanthi tulisan. Sambung gunem sarana tulisan diarani layang. Miturut wujude layang ana kaperang dadi 6 yaiku :
1. Layang ulem
2. Layang kitir
3. Layang lelayu
4. Layang iber-iber
5. Layang dhawuh
6. Layang paturan
Perangan-perangane layang :
- Titi Mangsa
- sata basa
- adangiyah
- purwaka basa
- surasa basa
- wasana basa
- salam panutup
- peprenahan
- tapak asma
- asma terang

9. Wangsalan lan Parikan
1.) Wangsalan
Wangsalan iku sabangsane cangkriman, nanging wangsulane wis disebutake pisan sanajan kanthi cara sinandhi (didhelikake/ora diblakake)
Wujude ana maneka warna, kayata sing prelu dimengerteni yaiku :
a. Wangsalan Lamba
b. Wangsalan Memet
c. Wangsalan Rangkep
d. Wangsalan Padinan
2.) Parikan
Parikan yaiku tetembungan utawa unen-unen sing duweni pathokan utawa paugeran ajeg. Tuladhane Parikan :
1. Wajik kletik gula jawa
    kalah dhisik, ora papa
2. Tawon madu, ngisep sekar
    calon kudu, kudu sabar
3. Kutha Kendhal, kaliwungu
    ajar kenal karo aku

10. Maca Cepat
jenis maca iku maneka warna kayata maca cepet, maca nyuwara, maca bathin, lan maca endah.
1.) Maca banter
yaiku maca kanthi kedaling lathi kang nuwuhake swara
2.) Maca endah
yaiku maca kanthi ngedalake lathi awewathon aturan kang gumathok
3.) Maca bathin
yaiku maca kanthi meneng, tutuke ora umak-umik, ora ana swara sanajan alon
4.) Maca cepet
yaiku maca kanthi nyuwara utawa bibathin nangina wektune cepet






Semoga Bermanfaat.......